Minggu, 24 November 2013

Cerita Lucu Bahasa Jawa



cerita lucu

RIKUN NGUMBAH KUCING 
Rikun tuku deterjen neng warunge Ratno
Ratno: Kun, dengaren kowe umbah-umbah dewek?
Rikun: Aku arep ngumbah kucing..
Ratno: Ora salah kuwe Kun? *Ratno bingung
Rikun: Iya soale kucingku akeh tumane..
Ratno: Lah ya bisa mati kucingmu Kun..
Rikun: Lah tangggaku wingi kaya kuwe kucinge ya ora papa. Kalem no.. Bar mbayar Rikun bali arep ngumbah kucing. Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno
Ratno: Kun kepriwe kucinge ko? Rikun: Genah mati koh..
Ratno: Lah kuwe.. Tek omongi ora percaya si ko, lah kucing dikumbah karo deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma. *sungune Ratno modod..
Rikun: Kucingku mati udu meri deterjene.. Ratno: Lah sih kenang ngapa??!!

 

 MAS AGUNG DAN GOGON
 Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang? Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar